Rayuan Gombal Bahasa Jawa Kocak



Rayuan Gombal Kocak Bahasa Jawa – Ngegombal pakai kata kata dalam bahasa Jawa? Why not? Boso Jowo kuwi ora kalah kocak lucu nek nggo guyonan rayuan gombal. Mungkin malah luwih mbanyol, ngalah ngalahi dagelan pesbukers. Rapopo pede wae, nek ora lucu yo wis, ora rugi, ra usah mbayar ae kok repot!
We lhadalah! Iki arep posting rayuan gombal apa ngedumel? Tenang, sabar disik ojo kesusu, mengko kesikut. Cepakno gombale disik sing paling mambu pesing, nembe dolanan rayuan gombale mukiyo!!

Rayuan Gombal Lucu Boso Jowo 1

Cowok: Sliramu iku koyo gula..., manis
Cewek: Halah gombal! Sampeyan kaya kopi luwak..., ilang kopine kari luwake
Cowok: Ojo ngenyek ngono tah, dek...
Cewek: Maksudku kaya kopi..., ireng tur pait
Cowok: Cocok. Gula dicampur kopi jian mantep tenan disruput wayah esuk
Cewek: Opo maneh nek ora usah mbayar ya, mas?
Cowok: Ora usah nyindir to dek... Karo langganan wae lho. Kasbon disik ya, totalan mburi
Cewek: Wah, nek langgananku kabeh ngutang... iso bangkrut warungku, mas..

(Walah!! Ngglethek ae. Tibakno gombalane wong lanang tukmis karo bakule wedang kopi! Tuwas sing moco methentheng, hahaha...)

Rayuan Gombal Lucu Bahasa Jawa 2

Lanang: Bapakmu tukang las pager ya?
Wedok: Kok ngerti sih mas?
Lanang: Mergo sliramu wis mageri atiku
Wedok: Cah wadon liyane ora iso mlebu ya mas?
Lanang: Iya dek... Kecuali bocah wedoke mlumpat pager
Wedok: Kuwi jenenge maling, mas
Lanang: Pas mlumpat kuwi kathoke suwek
Wedok: Terus sampean gepuki malinge?
Lanang: Ora dek, mesakno
Wedok: Terus sampean kapakno?
Lanang: Tak plorotne pisan kathoke
Wedok: Otakmu iku pancen mesum kok mas...
Lanang: Mesum piye to? Karepku tak silihno kathoke simbah ngono lho...
Wedok: Lak yo mambu mbako susure simbah to mas... xixixi...
Lanang: Yo mergo iku dek, karo simbah bocahe arep dinikahne karo aku
Wedok: Hah? Terus aku piye mas?
Lanang: Ojo kuatir dek... Sampean yo tak gawakno sempake simbah... ben diapek mantu pisan
Wedok: Wegah....!! (banjur mlayu karo nangis, hahaha...)

Rayuan Gombal Mbanyol Basa Jawa 3

Cowok: Tresnaku marang sliramu kaya Rama karo Shinta, Yang...
Cewek: (ndingkluk sajak isin isin kucing) Sampean iso ae, Yang...
Cowok: Umpamane sliramu ratu, aku rajane...
Cewek: (salting) Tenane...
Cowok: Sumpah!
Cewek: (salto) Umpama aku kembang, panjenengan dadi apane?
Cowok: Mesti dadi tawone
Cewek: Wah, pantesan senengane ngantup ya, Yang...
Cowok: Nek gak tak antup, sliramu apa yo iso manak pitu
Cewek: Bener kuwi, Yang... Putune wae wis suwidak rolas xixixi...  
Cowok: Lha iyo... Putune awake dewe iku nek nyeluk aku yo romantis kabeh kok, Yang... Eyang Kakung...
Cewek: Aku yo diceluk Eyang Putri...

(Asem! Tuwas nggagas “Yang” kuwi sayang... Jebule Eyang!)
Kapokmu kapan diapusi karo republik gondes bolak balik, wakakaka..... kel.. kel.. kell...!!

Wis rek... Cukup sakmene wae rayuan gombal boso Jowo koplak. Kakean ngapusi wong nggarai nambah dosa. Lagian gombalku wis entek. Kari klambi karo sempak thok. Nek tak nggo ngrayu pisan, terus aku bok kongkon ote ote kayak wong edan ngono tah? Wis ya, liyo dino disambung maneh. Sepurane sing akeh nek rayuane kurang maut. Sugeng ngguyu ngikik... kik kik kik......

2 komentar:

  1. trimakasih infonya...
    sangat bermanfaat...
    salam sukses...

    BalasHapus
  2. Komentar ini telah dihapus oleh administrator blog.

    BalasHapus

Tolong jangan mengcopy paste isi humor di blog ini ya, kecuali gambar. Kalau gambar / meme silahkan dicomot sepuasnya asal tidak menghilangkan caption (tulisan republikGondes). Pelanggaran akan dilaporkan pada pak camat!