Naskah Stand Up Comedy Boso Jowo – Dulur, sing pingin moco naskah
stand up comedy alternatif... republik gondes ono naskah stenap versi boso Jowo
ala Suroboyoan tema jaman biyen vs jaman saiki. Sing gak paham mungkin yo babar
blas ora lucu. Tapi rapopo, keep calm and ora ngurus aja hehehe. Ya, sekedar gawe wacana cekno ngerti yok opo gaya
lawakane wong Jawa Timur. Nek pingin nyoba nggo bahan open mic yo monggo kerso
---- ---- ---- ----
Halo dulur...
Yok opo kabare? Penak jamanku to?
Yo mesti ae. Jamanku ndisik kabeh serba gratis.
Mangan gratis... Omah gratis... Sekolah gratis... Rabi yo
gratis...
Bapakku sing mbayari
Jaman saiki? kabeh kudu mbayar
Mangan mbayar... omah mbayar... sekolah mbayar... rabi maneh
yo mbayar
Utang tok sing ra usah mbayar
Guyon dulur... masio utang yo mbayarlah. Kecuali... ora
ditagih!!
Sak jane jaman biyen karo saiki yo podo wae. Penak ra penak
iku tekok awake dewe. Nek pingin urip penak yo kudu sregep anggone nyambut gawe.
Endi ono wong gaweane mung lumah-lumah kok njaluk rejeki
akeh. Pitik ae leren ceker-ceker supoyo iso mangan. Opo maneh siro, babonane...
Sakjane wong urip bahagia iku sederhana kok. Ojo rumongso
susah!
Masio isine dompet mung gambar wong brengos nggowo berang,
nek disyukuri yo nggarai ati seneng. Sing penting rukun karo anak bojone, apik
marang tonggo teparo lan guyup karo kanca-kancane.
Bener opo bener?
Awas nek njawab salah
Jare Paijo kancaku, “Ancen penak nek ngomong, duit serepes
sing penting ati ayem mesti bahagia. Bahagia ndasmu! Deloken kae photone bojoku
nok pesbuk, lambene mecucu!”
Oalah... tak pikir bojone Paijo pasang photo mecoco nok
profile pesbuk iku mergo niru gaya selfie duo Serigala. Tibakno mergo blanjane
kurang.
Hadow... jian mbanyol tenan kok, koyo nonton acara stand up
comedy!
Untung ae bojoku lambene rodo ndomble. Dadi nek pas mecucu ora
ketok
Ndelok nasibe Paijo ngono iku aku rumongso bersyukur. Uripku
ora sesoro dekne.
Lha iyo, urip pisan kok digawe susah. Kuat dilakoni, nek gak
kuat yo... tumpakno becak
Tapi jenenge wong urip iku yo ora kok kudu seneng terus.
Kadang yo soro barang. Anane iso ngrasakno penak iku nek tau ngrasakno ora
kepenak.
Contone kancaku sing jenenge Mario. Deweke iso ngrasakno
penake dadi wong sugih mergo ndisik tau melarat, tau nduwe jeneng Mariono, tau
diwadani Mario Telek.
Ndelok nasibe Mario ngono iku aku dadi tambah semangat
makaryo, cekno iso ketularan sugih.
Alhamdulillah keturutan. Aku saiki wis kuat nduwe omah mewah...
mepet sawah.
Rapopo, masio omah elek elekan mepet sawah sing penting ora
usah ngontrak. Durung kuat sugih yo tak syukuri wae, sing penting cukup. Cukup
nggo nguripi keluarga yo cukup nggo mbandani gendhakane...
Guyon dulur...
Aku kan tipe suami setia, gak mungkin golek gendhakan.
Kecuali... kepepet!
Simbah tau ngekei wejangan ngene, “Nek pingin uripmu tentrem
kudu tansah eling lan waspodo,”. Artine: eling marang gendhakane lan waspodo
ojo sampe ketemon karo bojone.
Sing ngguyu cekakakan iku mesti nduwe true story
Serius iki...
Tegese eling lan waspada iku: eling marang Gusti Allah kang
maha kuasa lan waspodo karo tindak tanduke awake dewe. Mergo nasibe menungso
iku ora iso ditebak. Kadang nok ngisor, kadang nok nduwur.
Kode togel ae angel ditebak, opo maneh nasibe manungso
Nek pas nok nduwur, ojo mentang-mentang sok adigang adigung
adi bing slamet (adiguna keles). Ngomong sak ngomong sing ngati ati, ojo duwur
duwur mundak lambene kesampluk pesawat.
Semono ugo nek pas nok ngisor, ojo nggresulo wae. Anggepen Gusti
Allah lagi ngekei ujian. Sing semangat, ojo klimbrak klimbruk kaya gombal
mukiyo mundak dilaundry karo malaikat!
Mangkane dadi wong iku ojo ndlujur koyo bis sumber kencono.
Kadang kudu ndingkluk mengisor, kadang ndongako menduwur.
Pancen bener kandane Simbah. Buktine, wingenane aku mlaku
ndingkluk nemu duwit sewu
Pas ndongak menduwur... eh, nemu arek prawan ora katokan lagi
menek pelem
Weleh-weleh... rejeki cap opo kuwi hahahai!!
Guyonan stand up comedy koplak ngene iki yo termasuk cara
menikmati hidup dulur...
Wayahe temen yo sing temen. Wayahe ngaso, yo digawe santai
guyonan ben ra stress. Pokoke keep calm and no merengut ajalah bray...
Ora usah mbanding mbandingno jaman biyen karo saiki.
Paling nggak golek hiburan jaman saiki luwih gampang. TV,
internet wis nyediani sarana komplit, termasuk blog republik gondes iki
Jaman ndisik, hiburane paling nonton ludruk, kethoprak
ikupun nek pas ono wong sing nanggap
TV-radio yo jarang sing nduwe
Hiburan paling gampang jaman mbiyen iku.... kelon!!
--- --- --- ---
Wis, ngono wae stand up komedi Jowo dialek JawaTimuran iki tak cukupke sakmene wae. Mugo-mugo dulur kabeh urip bahagia. Sing lanang tak dongakno tambah ngganteng. Sing wedok tak dongakno tambah ayu. Sing LGBT tak dongakno ndang insyaf! tuku kupat nok suroboyo... wonten lepat nyuwun sepuro....
Mantappp laah..garaaiii guya guyu dewee koyok wong setreesss 😂😂🤣🤣
BalasHapusTes
BalasHapus